SESORAH
Sesorah utawa pidhato yaiku micara utawa nglairake
gagasan, panemu saran lisan ing sangarepe wong akeh.
v Jenise Sesorah
1.Sesorah lan medhar sabda : sipate umum tumrape
maca ing ngarepe wong akeh.
2. Ular-ular/ wasita adi : ababagan keutaman, pitutur
becik, lan sapanunggalane.
3. Pambagyaharja : kanggo nampa tamu.
4. Tanggap sabda : kanggo nanggepi ature
pambagyaharja.
5. Khotbhah : babagan agama.
v Ancas utawa Tujuane
Sesorah
1. Atur Pambagya : Sesorah kanggo nampa rawuhe para
tamu kang ana ing acara.
2. Atur Kabar/Pawarta : Sesorah kanggo ngaturake
kabar kang arupa palapuran utawa nyritkake sawijining bab marang pamiarsa.
3. Atur Lelipur (Hiburan) : Sesorah kanggo aweh
panglipur kanti ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe.
4. Ngengajak : Sesorah kang sipate ajak-ajak supaya
sing ngrungokake percaya banjur kepencut lan melu nglakoni apa kang diwedharake
ing sesorah.
1. Salam Pambuka : Uluk salam miturut agama kang
dianut.
2. Purwaka : Ngemot atur pakurmatan, ngonjukake puji
syukur marang Gusti, atur panuwun marang tamu.
3. Surasa basa (isi) : Wose sesorah, bisa tanggap
wacana bisa pambagyaharja, uga bisa sesorah liyane. Isine underan bab kang
diwedhrake.
4. Dudutan : Ringkesan isineng sesorah.
5. Pangarep-arep lan pesen : bab-bab kang dipesenake
kanthi anane sesorah kang diwedharake.
6. Wasana Basa (Panutup) : Atur panuwun lan nyuwun
pangapura tumprap sekabehe kaluputan marang sesorah kang diwedhrake.
7. Salam Panutup : Wujude atur panutup.
v Cara Maca Sesorah
1. Maca : nindakake sesorah kanthi maca teks kang
wus disiyapake sedurunge.
2. Ngapalake : Nyiapake teks sesorah kang jangkep
luwih dhisik sedurunge nindakake sesorah banjur diapalake.
3. Ekstemporan : Nyepakake tulisan kang dadi
ragangan/cengkrongane sesorah.
4. Impromptu : Nindakake sesorah tanpa ana
persiyapan apa-apa.
v Kang Perlu digatekake
Nalika Maca Sesorah
1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog/laras karo apa sing
diadhepi.
2. Busana
Menawa sesorah prayogaen migunakake busana kang
becik lan sopan.
3. Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungu, ora
kebanteren lan ora kelonen.
4. Solah bawa/tindak-tanduk
Solah bawane wong sesorah kudu manteb, lan teteg,
madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja ndingkluk lan aja ndangak.
v Tuladhane Sesorah
YOGYAKARTA
TETEP ISTIMEWA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.
Ingkang
kinurmatan Ibu Triwik Damarjati,Ibu Kinanti saha para kanca ingkang kula
tresnani.
Langkung
rumiyin, sumangga kula panjenengan angaturaken puja pangalembana wonten Ngarsa
Dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun paring nugraha, rahmat, saha berkah
kangge panjenengan satemah kula panjenengan saged pepanggihan wonten ing papan
punika kanthi widada, wilujeng nir ing rubeda kalis ing sambekala.
Saklajengipun
wonten ing wekdal punika, keparenga kawula badhe angaturaken sesorah, kanthi
irah-irahan “Yogyakarta Tetep Istimewa”.
Sagung
para lenggah ingkang mahambeg berbudi utami. Punapa sebabipun Yogyakarta punika
dados daerah ingkang istimewa? Kasinggihan, Yogyakarta pinangka daerah ingkang
istimewa amergi anggadhahi mapinten-pinten alesan. Ing antawisipun:
Yogyakarta pinangka papan pasinaon. Sampun kaloka bilih para mudha
saking saindenging tlatah nuswantara
sami kepingin ngangsu kawruh lan ngudi ngelmi wonten ing kitha menika. Kanthi
mekaten kathah para mudha saking Aceh, Batak, Minang, Melayu, Sunda, Dayak,
Ambon, Bali menapa dene Papua ingkang mapan wonten ing Yogyakarta saperlu ngangsu
kawruh lan ngudi ngelmi.
Yogyakarta pinangka sumbering kabudayan Jawi. Para Tamu tartamtu sampun
pirsa bilih Ngayogyakarta Hadiningrat pinangka Kraton, pramila wonten ing
mriki basa jawi, unggah-ungguh, adat
kabudayan, tata krami saha seni tradisi tansah dipun uri-uri amrih lestantun,
ngrembaka lan mekaring kabudayan Jawi.
Yogyakarta ugi kaloka pinangka kitha pariwisata,
saengga kathah wisatawan manca negari saha wisatawan nuswantara ingkang
kepingin mriksani kaendahanipun papan-papan wisata ing Yogyakarta, linangkung
wisata kraton Yogyakarta lan Pakualaman. Para wisatawan menika ugi kepingin
angraosaken gudheg ingkang mirasa saha mundhut batik kagem angsal-angsal.
Saklajengipun ingkang langkung wigatos, kitha
Yogyakarta menika pinangka kitha perjuangan ingkang anyengkuyung jejeging
Negara Kesatuan Republik Indonesia. Ing jaman perjuangan, ingkang dipun
pandegani dening ingkang sinuwun Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping
sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam ingkang jumeneng kaping wolu.
Ing
tanggal 4 Januari 1946, rikala RI nembe ngancik kawan wulan saking merdika,
Walanda kepingin njajah malih negari Indonesia kanthi mbonceng pasukan Sekutu.
Medan lan Palembang sampun dipunkuasani dening Sekutu. Gendera Walanda
dipunkibaraken malih ing Jakarta. Semanten ugi Semarang lan Surabaya, inggih
sampun dipunkuasani dening Sekutu.
Sultan
Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam
ingkang jumeneng kaping wolu nyawisaken Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan
Kadipaten Pakualaman pinangka papan kagem para pemimpin Indonesia supados
rancak angendali punjering pemerintahan RI saking Yogyakarta. Sejarawan paring
katerangan bilih Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga
maringaken redana langkung saking gangsal yuta Gulden kangge lumampahing
pemerintahan RI saking Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing antawisipun kangge Kantor
Presiden ingkang mapan ing Gedung Agung, kangge logistik prajurit RI saha
kangge “biaya hidup”wragad para pemimpin Indonesia.
Kanthi
mekaten, kasinggihan Yogyakarta menika boten namung istimewa daerahipun
ananging ugi istimewa warga
masyarakatipun. Cundhuk kaliyan keistimewaan-keistimewaan kala wau, sampun
sakmesthinipun bilih kula panjenengan pinangka warga masyarakat Ngayogyakarta
Hadiningrat rumaos bombong lan mongkog. Pramila Kula panjenengan ugi kedah
ndherek njagi saha nglestatunaken keistimewaan kasebat.
Sagung
para lenggah ingkang minulya. Mekaten menggah sesorah ingkang saged kula
aturaken. Mugi punapa ingkang kula aturaken punika wontena mupangatipun
kangge pribadi kawula sumrambahipun
kagem para tamu.
Dara mabur, medhun nang wit sukun
Kula matur, sampun, lan matur nuwun....
Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar